A.
1. Dolanan tradhisional iku gunane supaya bocah dadi ... .
A. guyub rukun
B. bisa juwara
C. tukaran
D. bisa egrangan
2. Ing ngisor iki tuladhane dolanan tradhisional, kejaba ... .
A. dhakon
B. slekdhur
C. betengan
D. optimus
3. Salah siji titikan/ciri-cirine teks narasi yaiku...
A. kronologis
B. antagonis
C. protagonis
D. kritis
4. Kronologis iku maksude yaiku ....
A. Nyritakake kanthi temenan
B. Nyritakake kedadean urut wektune
C. Nyritakake kedadean urut paragane
D. Nyritakake kedadean karo alasane
5. Ing ngisor iki tuladhane tembung entar, kejaba ... .
A. dawa tangane
B. kandel kupinge
C. jembar bawera
D. dawa ususe
6.
, yen disalin ing aksara Latin ... .
A. Gambuh
B. Dhandhanggula
C. Sekar pucung
D. Maskumambang
7.
yen ditulis nganggo aksara Latin ... .
A. Asmaradana
B. Sekar pangkur
C. Durma
D. Sinom
8. Bima ora weruh yen ibune wis teka. Ukara kasebut nggunakake ragam basa....
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
9. Bima mboten sumerep yen ibunipun sampun dhateng. Basa kang digunakake....
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
10. Ora padha karo kanca-kancane kang katon sumyah gumbira. Tembung sumyah gumbira kagolong tembung....
A. camboran
B. saroja
C. entar
D.lugas
11. Tembung sumyah gumbira tegese yaiku....
A. seneng banget
B.susah
C. bingung
D. gela
12. Praupane peteng kaya ana bab sing didhelikake. Tembung praupane peteng kagolong tembung....
A. camboran
B. saroja
C. entar
D. lugas
13. Tembung praupane peteng tegese yaiku....
A. seneng banget
B. susah
C. bingung
D. gela
14. Mendhung peteng ing praupane Sodin banjur owah dadi udan brebel-brebel, mbrebes mili. Tembung owah dadi udan tegese yaiku....
A. udan
B. banyu
C. tangis
D. kringet
15. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula,
pencokanmu wesi miring,
sing disaba si pucung mung turut kutha.
Tembang ing dhuwur guru gatrane ana … .
A. 4
B. 5
C. 6
D. 7
16. Cangkriman tembang ing dhuwur wangsulane yaiku … .
A. gajah
B. iket/udheng
C. sepur
D. jun/klething
17. Dedalane guna lawan sekti.
Ukara ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune yaiku … .
A. 8u
B. 9i
C. 10 a
D. 10i
18. Tembang macapat iku kaiket ing telung paugeran, kejaba… .
A. guru gatra
B. guru wilangan
C. guru swara
D. guru pada
19. Ing ngisor iki kalebu tembang macapat,kejaba … .
A. Pucung
B. Gambuh
C. Praon
D. Kinanthi
20. Piranti kanggo nyinau titilaras yaiku gamelan. Ing gamelan Jawa titi laras iku ana loro, laras … lan … .
A. Pelog – slendro
B. Enem – Miring
C. Barang – Manyura
D. Lima - Sanga
B.
1. Wacan sing nggambarake kedadean, kahanan, panggonan nganti sing maca kaya-kaya ngalami kaya sing ana ing wacan kalebu karangan jinis … .
2. gunane dolanan tradhisional yaiku ...
3. Paragrap kang idhe pokoke ana ing ukara wiwitan yaiku
4. Tembung loro kang tegese padhadi gandheng dadi siji dianggo bebarengan, duwe teges mbangetake, diarani Tembung ....
5. Tembung loro kang digandheng dadi siji duwe teges anyar, diarani Tembung....
6. Cacahing gatra ing saben pada diarani ….
7. Kang kalebu dolanan tradhisional iku kayata...
8. andharan marang liyan ngenani kedadean kang nyata diarani...
9. Kang kalebu basa rinengga, yaiku...
10. Tembang macapat wujude rerakitan basa kang endah, kang macane kanthi cara...
C.
1. Tulisen nganggo aksara Jawa!
a. Gambuh
b. Pangkur
c. Maskumambang
d. Egrang
e. Gobag sodor
2. Sebutna tuladhane layang kabar basa Jawa awujud kalawarti!
3. Sebutna tuladhane Tembung entar!
4. Tembang macapat cacahe ana 11, sebutna 4!
5. Apa kang diarani :
a. Guru Gatra
b. Guru Wilangan
c. Guru Lagu
.
.
.
.
.
.
.
.
.
A.
1. A
2. D
3. A
4. B
5. C
6. B
7. A
8. A
9. C
10. B
11. A
12. C
13. B
14. C
15. A
16. C
17. D
18. D
19. C
20. A
B.
1. Teks dheskripsi
2. Bisa gawe rukun sakancane
3. Induktif
4. Saroja
5. Camboran
6. Guru Gatra
7. egrang, patil lele,dhakon, gatheng, bekelan, lumpatan, betengan, gobag sodor
8. Pawarta
9. tembung camboran, saroja, entar, purwakanthi, dasanama
10. Ditembangake
C.
1.
2. Jaya Baya
Panjebar Semangat
Jemparing
Mekar Sari
Joko Lodhang
3. adol ayu = ngendelake ayune
adol bagus = ngendelake baguse
adol gawe = ngatonake pegaweyane
adol kringet = nyambut gawe
4. Maskumambang, pocung, megatruh, gambuh, mijil, kinanthi, durma, pangkur, Asmaradana, sinom, dhandanggula
5. 1. Guru gatra : cacahing gatra/larik saben sapada/bait
2. Guru wilangan : cacahing wanda/suku kata saben sagatra
3. Guru lagu/swara : dhong-dhing/tibaning swara (vokal) ing saben pungkasane gatra.


Tidak ada komentar:
Posting Komentar