A.
1. Salah sijine titikane teks dheskripsi ....
A. nggambarake kedadean kanthi cetha.
B. pamaca ora bisa nggambarake kedadean.
C. kabeh kedadean diurut kanthi urutan wektu.
D. pamaca ora bisa ngrasakake utawa ngangen-angen kedadean
kang ana.
2. Gancaran kang isine njlentrehake kedadean kanthi urutan wektu
diarani teks gancaran ....
A. dheskripsi
B. eksposisi
C. narasi
D. eksposisi
3. Sampun jam sekawan ibu dereng rawuh saking kantor. Tembung
rawuh ngoko aluse ....
A. dugi
B. mulih
C. teka
D. wangsul
4. Kanggo nglestarekake lingkungan, bocah-bocah kudu mbuwang uwuh ing ....
A. panggon uwuh
B. kali
C. ngarep omah
D. pasar
5. Saben preian akeh wisatawan kang padha plesiran. Plesiran tegese ....
A. sekolah
B. liburan
C. dolan
D. rekreasi
6. Cukat trengginas kaya sikatan nyamber walang iku kanggo mindhakake ….
A. sesambate
B. tingkah polahe
C. tandang gawene
D. anggone kekancan
7. Bocah wadon kae ayune kaya widodari, pikirane lantip, nanging embuh amarga apa gandane arum jamban. Arum jamban ing ukara iku tegese ….
A. wangi banget
B. nuwuhake ganda arum kang ora ana enteke.
C. banger banget
D. gandane arum wangi nengsemake ati
8. Bocah kuwi ayu tenan, rambute ngandhan-andhan, tangane nggandewa pinenthang, bangkekane ….
A. jambe sinigar
B. nawon kemit
C. ndamar kanginan
D. mucuk eri
9. Ana ing Pawayangan kang duwe mata kera yaiku ….
A. Baladewa
B. Bagong
C. Nala Gareng
D. Narada
10. Kanggo ngarani perangane awak sing apik-apik diarani ….
A. parikan
B. panyendhu
C. bebasan
D. panyandra
11. Satriya Pandhawa iku wewatakane kaya ing ngisor iki, kejaba…
A. seneng tetulung
B. tresna asih ing sapepadha
C. culika, dur angkara
D. sabar narima
12. Kurawa dadi saya licik lan kebak angkara murka amarga
pangajake ….
A. Resi Bhisma C. Patih Sengkuni
B. Yama Widura D. Prabu Kresna
13. Ing ngisor iki tuladhane lakon wayang, kejaba … .
A. Jagal Abilawa C. Bale Sigalagala
B. Pandhawa Dhadhu D. Pandhawa Culika
14. Ing ngisor iki tuladhane tembung saroja yaiku ….
A. atine ana erine C. lila legawa
B. adigang adigung adiguna D. becik ketitik, ala ketara
15. Ing ngisor iki sing dudu piranti pagelaran wayang kulit, yaiku
….
A. kelir
B. lepek
C. blencong
D. cempala
16. Bapak lunga menyang Surabaya. Basa krama aluse yaiku ... .
A. Bapak kesah ajeng teng Surabaya.
B. Bapak tindak teng Surabaya.
C. Bapak tindak dhateng Surabaya.
D. Bapak ajeng dhateng Surabaya.
17. Saben liwat, tanduran sinawang ijo ....
A. memplak
B. royo-royo
C. mbranang
D. gadhing
18. Sawah ing desaku isih jembar bawera. Tembung jembar bawera
tegese ....
A. amba banget
B. ciyut
C. subur
D. ngrejekeni
19. Dhek jaman biyen, nonton wayang kulit iku manggone ana ing
….
A. saburine kelir C. saburine dhalang
B. sisih kiwane kelir D. dadi siji karo niyaga
20. .Ing ngisor iki kalebu Kurawa 100, kejaba … .
A. Duryudana C. Yama Widura
B. Dursasana D. Durmagati
B.
1. Karangan kang isine nyritakake kedadean prastawa diarane teks....
2. Sragame katon putih ....
3. Bapak gerah waja. Tembung waja tegese ....
4. Manuk emprit nucuki sega krawu, dadimurid kudu sregep sinau.
Ukara kasebut kelebu ukara ....
5. Tembung kang wis gumathok kanggo nyandra perangane awak, Solah bawa, satriya, utawa kahanan alam diarani Tembung ...
6. Kanggo ngarani perangane awak sing elek diarani ....
7. Gurune Pandhawa lan Kurawa iku
asmane ....
8. Pandhawa tansah antuk pitulungane
Gusti, amarga becik bebudene lan …
ing uripe.
9. Solah bawa iku obahe awak, jumangkahe sikil, kumlawene tangan, kedhepe mripat, lan ......
10. Nalika crita, kudu bisa nggunakake lagu-wirama kang ......
C.
1. Apa sing dimaksud ngenani wacan narasi?
2. Ukara ing ngisor iki owahana nganggo tembung krama inggil!
a. Bapak ora sida lunga amarga ana tamu.
b. Ibu menyang pasar tuku sayuran.
3. Apa bedane antarane panyandra karo panyendhu ?
4. Gawea tuladha ukara kang mujudake panyandra!
5. Tulisan ukara ing ngisor Iki nganggo aksara Jawa!
a. Pelem gadhung rasane legi.
b. Bandi angon sapi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar