A.
1. Salah sijine titikane teks dheskripsi ....
A. nggambarake kedadean kanthi cetha.
B. pamaca ora bisa nggambarake kedadean.
C. kabeh kedadean diurut kanthi urutan wektu.
D. pamaca ora bisa ngrasakake utawa ngangen-angen kedadean
kang ana.
2. Gancaran kang isine njlentrehake kedadean kanthi urutan wektu diarani teks gancaran ....
A. dheskripsi
B. eksposisi
C. narasi
D. eksposisi
3. Kanggo nglestarekake lingkungan, bocah-bocah kudu mbuwang uwuh ing ....
A. panggon uwuh
B. kali
C. ngarep omah
D. pasar
4. Saben preian akeh wisatawan kang padha plesiran. Plesiran tegese ....
A. sekolah
B. liburan
C. dolan
D. rekreasi
5. Saben sore simbah lungguh ing teras ngarep. Ukara kasebut yen diowahi nganggo tembung krama inggil ....
A. Saben sore simbah lenggah ing teras ngajeng.
B. Saben sonten simbah lungguh ing teras ngajeng.
C. Saben sonten simbah lenggah ing teras ngajeng.
D. Saben sonten simbah lenggah ing griya ngajeng.
6. Sampun jam sekawan ibu dereng rawuh saking kantor. Tembung rawuh ngoko aluse ....
A. dugi
B. mulih
C. teka
D. wangsul
7. Adhik tuku lele. Tuku lele yen ditulis nganggo aksara Jawa ....
8.
yen ditulis Latin unine ....
A. nyiram kembang
B. siram kembang
C. nyirami kembang
D. nyiram kambang
9. Cukat trengginas kaya sikatan nyamber walang iku kanggo mindhakake ….
A. sesambate
B. tingkah polahe
C. tandang gawene
D. anggone kekancan
10. Bocah wadon kae ayune kaya widodari, pikirane lantip, nanging embuh amarga apa gandane arum jamban. Arum jamban ing ukara iku tegese ….
A. wangi banget
B. nuwuhake ganda arum kang ora ana enteke.
C. banger banget
D. gandane arum wangi nengsemake ati
11. Bocah kuwi ayu tenan, rambute ngandhan-andhan, tangane nggandewa pinenthang, bangkekane ….
A. jambe sinigar
B. nawon kemit
C. ndamar kanginan
D. mucuk eri
12. Ana ing Pawayangan kang duwe mata kera yaiku ….
A. Baladewa
B. Bagong
C. Nala Gareng
D. Narada
13. Kanggo ngarani perangane awak sing apik-apik diarani ….
A. parikan
B. panyendhu
C. bebasan
D. panyandra
14. Basa kang endah utawa basa sastra, endahe karana dipaesi/direngga-rengga utawa dirumpaka diarani….
A. basa krama
B. basa rinengga
C. basa bagongan
D. basa krama desa
15. Dadi murid kudu sregep sinau aja kaya bocah kae,
mung nggenthong umos mula ora landhep pikire.
Ukara kasebut kelebu ukara....
A. Parikan
B. Panyendu
C. Paribasan
D. Pepindhan
B.
1. Karangan kang isine nyritakake kedadean prastawa diarane teks....
2. Sragame katon putih ....
3. Bapak gerah waja. Tembung waja tegese ....
4. Saben isuk bapak ngombe kopi karo lungguh ing teras.
Tembung sing katulis kandel yen dikramakake dadi ...
5. Pakaryan tegese .....
6. Manuk emprit nucuki sega krawu, dadimurid kudu sregep sinau.
Ukara kasebut kelebu ukara ....
7. Tembung kang wis gumathok kanggo nyandra perangane awak, Solah bawa, satriya, utawa kahanan alam diarani Tembung ...
8. Kanggo ngarani perangane awak sing elek diarani ....
9. Pak Paino saiki lagi susah lan bingung banget, amarga utange wis nyundul langit.
Tegese utange nyundul langit yaiku ....
10. Bocah loro Kuwi pasedulurane kaya banyu Karo lenga, Karo dulure ora bisa rukun.
Ukara ing dhuwur nggunakake Tembung ....
C.
1. Apa sing dimaksud ngenani wacan narasi?
2. Ukara ing ngisor iki owahana nganggo tembung krama inggil!
a. Bapak ora sida lunga amarga ana tamu.
b. Ibu menyang pasar tuku sayuran.
3. manawa ditulis Latin unine ....
4. Apa bedane antarane panyandra karo panyendhu ?
5. Gawea tuladha ukara kang mujudake panyandra!
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
A.
1. A
2. B
3. A
4. D
5. C
6. C
7. D
8. A
9. C
10. C
11. B
12. C
13. D
14. B
15. B
B.
1. Narasi
2. Memplak
3. Untu
4. Ngunjuk, lenggah
5. Penggawean
6. Parikan
7. Panyandra
8. Pepindhan
9. Utange akeh banget
10. Panyendu
C.
1. Nerangake saweneh kegiatan kanthi runtut lan jelas, nganti sing maca kaya ngalami tenan.
2. a. Bapak ora sida lunga amarga ana tamu.
b. Ibu menyang pasar tuku sayuran.
3.
4. Panyandra iku tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo ngalembana, dene panyendhu iku tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo nyemoni utawa nacad.
5. Aldo kuwi pancen bocah ayu tenan, alise nanggal sepisan lan irunge ngudhup mlathi.


Tidak ada komentar:
Posting Komentar